.Gathutkaca
.
.Gathutkaca satriya ing Pringgadani, putrand Werkudara lan Dewi Arimbi Jeneng liyane Gathutkaca yaiku Bambang Tetuka, Kacanagara, Senaputra, Bimaputra, Arimbiatmaja, Krincingwesi. Gathutkaca duwe sedulur seje ibu yaiku Antareja lan Antasena. Gathutkaca satriya kang sekti madraguna, ibarate otot kawat balung wesi, bisa mabur tanpa alar, lan bisa turu ing langit. Garwane Gathutkaca yaiku Dewi Pergiwa, putri Raden Harjuna, kagungan putra Sasi Kirana.
.
.Gathutkaca satriya kang trampil ing perang, nduweni aji Narantaka peparinge Resi Seta. Kajaba iku nduweni Kantang Antakusuma kang njalari kalis ing panas lan udan, trumpah Padakacerma kasiyate uwal saka kuwalat yen ngliwati papan-papan kang wingit.
.
.Nalika laire, pusere ora bisa dipedhot nganggo gaman apa wae. Bathara Narada ngasta senjata Kuntawijayandanu kang arep diparingake marang Janaka kanggo ngetok pusere Gathutkaca. Ananging ing satengahing marga direbut dening Karna kanthi pitulungane Bathara Surya, saengga Kuntawijayandanu kasil direbut dening Karna. Arjuna nututi Karna lan kadadean perang ngrebut senjata. karna entuk gendewane Janaka entuk warangka Kuntawijayandanu. Warangka kasebut kanggo ngethok pusere Gathutkaca. Anehe sawise kanggo ngetok mau warangka manjing ing pusere Gathutkaca, nyawji ing anggane. Dewa nitahake yen mbesuk sing bisa nyirnakake Gathutkaca iku mung Karna, jalaran Wijayandanu bakal nggoleki warangkane sing ana pusere Gathutkaca.
.
.Wektu kuwi ing kahyangan lagi kadadeyan dahuru amarga saka panyerange Patih Sekipu lan Raja Pracona, Gathutkaca isih bayi didadekake jagone para dewa. Bayi kasebut dilebokake ing kawah Candradimuka. Muncul saka kawah kasebut Gathutkaca wis nganggo klambi wesi, lan awake dadi kuwat, rupane kang maune setengah buta dadi bagus banget. Wusanane Gathutkaca bisa brantas buta loro mau, sawise iku banjur ditemokake karo Raden Werkudara lan ibune dalah para Pandawa. Sawise dewasa Gathutkaca didadeke raja ing negarane ibune yaiku Pringgadani.
.
.Ing perang Bratayuda Gathutkaca dadi senapati. Ora ana prajurit Kurawa siji wae sing bisa ngalahake kasektene Gathutkaca. Kurawa kocar-kacir, akeh sing tewas kena aji Narantaka lan Brajamusti. Amarga Kurawa kalah Karna diangkat dadi senapati. Gathutkaca tansah kelingan sing dingendikake Bathara Narada. Mula angger adhep-adhepan karo Karna Gathutkaca ndhelik ing sadhuwure mega, jalaran karna ora bisa mabur. Gandheng panahe karna ora bisa tekan panggonane Gathutkaca mula Karna ngetokake keris Kuntawijayandanu. Pungkasane senjata Kunta mlebu ing warangkane ing pusere Gathutkaca saengga putra Werkudara iku gugur minangka pahlawan.
Senin, 31 Oktober 2011
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar