Minggu, 30 Oktober 2011

janaka.
Permadi iku jeneng nom-nomane janaka. janaka satriya Madukara, adhine Wrekudara. Janaka, Pandhawa kang nomer 3. Janaka iku bagus rupane tur sekti madraguna. Awit saka sektine, dewa kerep nyraya utawa ngutus Janaka merangi titah kang tumindak angkara murka. Contone, diutus mateni Niwatakawaca, ratu raseksa Praja Mantaka. Niwatakawaca iku niyat gawe sungsang buwana balik. Tegese kahyangan arep didadekake bumi. Bumi panggonane manungsa, raseksa, kewan, lan sapiturute. Awit saka kasektene Janaka, Niwatakawaca sabalane bisa ditumpes. Garwane kang ana ing Madukara bae ana telu, yaiku Sembadra, Srikandhi, lan Larasati.

0 komentar:

Posting Komentar