Dasanamane janaka yaiku Janaka, Arjuna, Kunthi Pandhuputra, Dananjaya.
PUNTADEWA.
Dasamane : Puntadewa, Yudistira, Darmakusuma, Darmawangsa, Darmaputra, Dwijakangka, Ajathasatru, Gunatalikrama.
.
.Papan pandunungane : Ratu ing Ngamarta. Ngendraprastha, ya Cintakapura, uga katelah Batanakawarsa.
.
.Prabu Puntadewa iku atmajane Dewi Kunthi kang pembayun patutan klawan Prabu Pandhu dewanata. Ratu ing Ngastina. Prabu Puntadewa watake utama, luhuring budi, mahambeg paramarta, rila ing donya prateng delahan. Suci penggalihe Sang Prabu Puntadewa mula kaloka kedunungan getih iki awit saka jemeneng nata ing Ngamarta iku awit sinengkuyung dening para kadang dalah sanggyaning para kawula.
.
.Prabu Puntadewa banget anggone netepi darmaning Narendra, ngrungkebi bebener, njenjegake adhil, kanggo kebecikan. Sang Puntadewa ora kabotan nglilakake kang awujud bandha donya sandyang jiwa lan ragane pinasrahake tinirokake kanggo kautaman, nanging menawa tan kasdu ing penggalih, utawa mulat samubarang kang kurang bener nlisir saka angger-anggering kautaman lan nerak tatanan satemah tiwikrama babar dadi wujud raseksa kang gedhene kagila-gila, ambrastha kang tindak candhala.
.
.Puntadewa kagungan pusaka kang aran Jamus Kalimasada, lan uga senjata kraton Ngamarta arupa tumbak, aran Karawelang serta payung aran Songsong Tunggulnaga. Prabu Puntadewa ora kersa ditantang perang, awit kabeh dianggep dudu musuh, mula kondhang kanthi jejuluk Prabu Anjathasatru kang mengku werdi narendra kang tanpa darbe mungsuh. Prabu Puntadewa uga pinter ngolah basa, alus tutur basane, kang ngresepake sing pada mindhangetake. Durung kersa sang Gunatalikrama, tegese narendra kang pinter naleni basa, pinter ngrakit tembung lan ukara : ngrantam ukara kanthi becik runtut kang agawe resep sing padha mindhangetake.
.
.Dene Puntadewa mono duwe garwa prameswari asma Dewi Drupadi, atmajane Prabu Drupada ratu ing Pancalaradya ing Cempaladya. Karo Drupadi patutan putra siji kang asma Raden Pancala.
Minggu, 30 Oktober 2011
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar